Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus, Lengkap dengan Puisi

Idul Fitri selalu mengharu biru. Sebagai orang Jawa, enggak ada salahnya kita saling berkirim ucapan idul fitri dalam bahasa Jawa halus/ krama. Apalagi jika yang akan kita kirimi adalah orang tua, ucapan idul fitri dalam bahasa jawa krama tentu saja akan sangat mengesankan. Selamat menyambut lebaran, semoga puasa ramadan kita Diterima dan kita dilimpahi kebaikan sepanjang tahun. Beberapa ucapan idul fitri dalam bahasa Jawa halus ini diambil dri grup Bahasa Jawa Krama.

Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus Ngaturagen Sugeng Riyadi, 1443 H

Ucapan Idul Fitri dalam Bahasa Jawa Halus

Ngaturaken Sugeng Riyadi 1443 H
Taqobballahu Minna wa minkum
Taqobbal ya Karim.
Dhumateng para kadang, Sedaya lepat nyuwun gunging pangaksami. Ugi sageda dipun lebur dinten Riyadi Punika.
Mugi Gusti Allah tandah paring barokah saja hidayah, maghfirah dhumateng kita Sedaya.
Rahayu ingkang tinemu
Sambada ingkang sinedya
Jumbuh ingkang ginayuh

Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus dengan Puisi

Ucapan Idul Fitri dalam Bahasa Jawa Halus

Rinenggo prabawing ratri,
mahanani getering sanubari.
Manthenging pangesthi nyenyuwun sih Nugrahing Gusti Allah ingkang Moho Suci.
Linambaran Weninging Cipta,
mantebing rasa saha andap asoring manah.
Mugi tansah mangesthi leluhuring Budi ,
kinaryo saronooo Memayu Hayuning Sasami.
Kawula sak brayat
hangaturaken:
Sugeng Riyadi Idul Fitri 1443 H
Sedoyo lepat kulo nyuwun lumebering samudro pangaksami mugi Rahayu Sagung Dumadi

Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa dengan Kalimat yang Panjang

Ucapan Idul Fitri dalam Bahasa Jawa Halus

Assalamu’alaikum.Wr.Wb.
Wonten sih keparengipun kula matur ngarsanipun Bapak, Ibu, saha para kadang kinasih.

Ing kalodhangan punika kula sakulawarga ngaturaken Sugeng dinten Riyadi Fitri 1443 H. Kula nglenggana sadangunipun srawung panjenengan sami punika kathah damel pingget penggalih panjenengan. Punapa malih tetembungan kula kathahipun binuntel gegojegan guyon parikena, satemah tanpa sengaja tan damel nujuprana ing penggalih. Kanthi makaten rinengga andhap asor ing manah kula nyuwun binedhahna tambaking samodra pangaksama. Kosokwangsulipun kula ugi caos pangapunten bilih saking panjenengan wonten kalepatan, sanadyan estu kula mboten manggihaken ing raos.

Pangajab, mugi Gusti Allah SWT ngeparengaken kula panjenengan wangsul ing kasucen kadi dene dlancang seta ingkang dereng sineratan. Wekasanipun kula panjenengan mugi tansah pinaringan kabegaswarasan, nugrahagung ingkang lumintu, satemah sangsaya cinaket anggenipun dhedhepe ing Ngarsanipun Gusti Allah SWT.

Aamiin.

Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Kupat

Ucapan Idul Fitri dalam Bahasa Jawa Halus Kupat

K U P A T

“Wong sing sugih pangapura, jembar segarane.”

K ula nyuwun pangapunten;
U pami sampun damel kalepatan;
P anjenengan ugi ikhlas kula apunten;
A margi kita taksih jejering tiyang limrah;
T embung asring natuni, laku kebak drengki.

“Sugeng Riyadi Idul Fitri 1443 H para sedulur.

Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Krama Singkat

Katur dumateng sedaya sederek sanak kadang ingkang kinasih, ngaturaken sugeng Riyadi sedaya kalepatan kula sak keluarga ingkang dzohir lan batos ingkang mboten pikantuk idzinipun syara’kula suwun halalipun, donga dinonga mugi tansah ginanjar kawilujengan panjang yuswa barokah manfaat waget pinanggih Riyadin tahun ngajeng malih

Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa 1443 H untuk Orang Tua

“Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1443 H. Taqobbalallahu Minna Wa Minkum Taqobbal Ya Karim. Kullu Amiin Wa Antum Bikhoir.
Mugi Gusti Allah tansah paring hidayah. Maghfiroh saha barokah dumateng kita sedaya. Rahayu ingkang tinemu, sembada ingkang sinedya, jumbuh ingkang ginayuh.

Ucapan Idul Fitri dalam Bahasa Jawa Halus

Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus dengan Puisi/ Geguritan

Pasa wus amungkasi
Uluk takbir ngumandhang ing wiyati
Ngumandhang ngegungake asmaning Gusti
Jumangkah tumuju Idul Fitri
Uwal saking pangridhu lan regeting ati
Luntur sakabehing dosa siniram pangaribawaning Idul Fitri

Mungkasi pasa kanthi syukur
Ambabar budi luhur
Rereget sakala luntur
Gusti Kang Maha Suci wus anglebur
Okehing dosa kang sumawur

Mapan ing sajroning kasucen
Uwal saking drengki lan panasten
Lelumban anggayuh pangimpen
Yekti Gusti paring urip kang kajen
Allahu akbar ngumandhang tanpa leren
Nur Illahi wus katon sumunar
Idul Fitri ngegla katon wus kababar..

Assalamuallaikum wr wb…
Tabbakallahu Minna Wa Minkum…
Sugeng Riyadi 1443 H kagem para kadang ingkang minulya …
Nyuwun gungung pangaksama, bokbillih anggen kula ndherek sesrawungan kaliyan panjenengan sedaya wonten klodak kladukipun atur, kirang suba sita, ingkang kirang nuju prana lan gerahing manah panjenengan sedaya…
Mugi mugi sedaya kalepatan saged kalebur wonten ing dinten suci puniki…

Wasalamuallaikum wr wb..
🙏🙏

Ucapan Idul Fitri Bahsa Jawa Halus Sugeng Riyadi 1443 H

Lumingsiring bagaskara dalasan kasiliring samirana, sumusul sabdaning kukila wonten sapucaking haldaka

Sinambut mijiling ratri pinangka pratanda purwaning wulan ingkang dipun berkahi. Kairing swaraning takbir, mratelaaken lamun sampun dumuginipun wulan syawal.

Rinengga sumunaring surya dinten Fitri ingkang riyadi, cinandra resik ing wardaya.

Kanthi andhap asoring bebudi, sarta tulusing manah, keparenga kula gotrah kulawangsa ngaturaken :

Sugeng riyadi surya kaping setunggal, wulan syawal, 1443 H.

Taqabbalallahu mina wa minkum.

Mugi-mugi Gusti Allah kepareng hanampi sedaya amal shalih ingkang sampun kula panjenengan sedaya lampahi